Selasa, 15 Januari 2013

Puisi Cerbonan Dadang Kusnandar



Sadi (1)

Ketek cilik numpak speda kayu
gamelan ala kadare muni kelang temen
ketek cilik langak longok mbebeda boca
dina kuwen, rebo esuk air rongewu rolas
Sadi nglamun bari grundel, “Laka sing peduli maran sira maning Min!”
padahal weteng kudu tetep diisi, ongkos sekola anak terus ngudag
rabi mencu lantaran duwit mung bisa tuku setenga kilo beras

la kadala………..Min…..Paimin
sira wis limang taun melu isun tapi durung ngrasa nang urip seneng
hampura isun, Min

Paimin ora weruh yen majikane lagi nlangsa
Ketek cilik iku malah asik ngaca bari pepaes pinggir dalan
Paimin jengkelitan wayah boca-boca
sing pada ngrubung nepluk nang duwit receh mangatus perak

Cirebon, 2012

Sadi (2)

Udan angin kapan marie`
Paimin kempong kula kempong
Beras sisa setaker kobokan cilik
Udud mung sebatang
Klambi durung ganti telung taun
“Pan mendi maning Gusti kula golet rejeki?”

Urip wong cilik apa memang kudu ngresula?
Mang Sadi kepikiran abote urip
Abote luru pangan lan sandang

Cirebon, 2012


Tidak ada komentar:

Posting Komentar